Blog

Sabtu, 05 April 2014

Sesorah

Sesorah Bahasa Jawa/sesorah basa Jawi.



Assalamualaikum wr.wb
Ingkang kula kurmati Bu Dian minangka guru basa jawi
Saha kanca-kanca ingkang kula tresnani

Puji syukur kaaturaken marang Gusti Allah ingkang sampun maringi rahmat sahengga kita saged kempal wonten kelas IPA tiga sehat sedanten.

Matur nuwun kagem bu Dian kaliyan kanca-kanca sampun maringi kula wekdal lajeng kula saged ngadeg wonten ngajeng kelas punika.

Kula wonten mriki badhe atur sesorah babagan hanacaraka. Aksårå Hånåcåråkå punika sawarning aksårå ingkang dipunagem wonten siti Jawi saha Madura, Bali, Lombok, dalah Sundha. Aksårå Hånåcåråkå dipungólóngaken mlebet aksårå jinis abugida utåwi hibridha, antåwis aksårå silabik lan aksårå alfabèt. Aksårå silabik punika têgêsipun bilih sabên aksårå ugi nyandhang satunggaling swårå. Hanacaraka mlebet  kulåwargå aksårå Brahmi ingkang asalipun saking Siti Hindustan. Aksårå Hånåcåråkå sampun wonten kados sakniki wiwitan kinten-kinten abad 17. Aksårå Hånåcåråkå naminipun dipundhut saking gangsal aksara wiwitanpiun. 

Kanca-kanca saget maos wonten buku utawi internet babagan cariyos Aji Saka minangka ndamel aksara Hanacaraka punika. Kagungan kalih dasa aksara, inggih punika Hanacaraka-datasawala-padhajayanya-magabathanga. Dicariyosaken Ajisakan dados raja wonten Medang Kamulan sasampunipun menang kalawan Dewatacengkar. Wonten kalih abdi, punika Dora saha Sembada ingkang setya marang Ajisaka. Mekaten, Sembodo diparingi pusaka lajeng namung Ajisaka ingkang angsal mundhut. Dinten punika, Dora dipunutus Ajisaka kedah mundhut pusaka wonten Sembada, Dora mboten pareng kondur saderengipun angsal pusaka. Wonten gunung Kendeng, Sembada mboten maringi pusaka lajeng Dora saha Sembada perang tandhing saha gugur.

Hanacaraka kagungan makna, “wonten utusan”, kita tiyang dipunutus Gusti dados utusan wonten bumi, mangga kita cobi sinau dados utusan ingkang dipuntresnani Gusti Allah. Datasawala punika, “padha garejegan”, utawi sami perang tandhing, kita perang mboten kalih kanca, ananging kalih hawa napsu diri kita. Padhajayanya, “padha jayane”, utawi sami jayanipun, zat saking Gusti wonten diri kita punika sami, kados rasa asih, tresna, lajeng kita mboten pareng angkara murka marang tiyang sanes. Magabathanga, “padha dadi bathang”, bathang punika inggih mayit, kita tiyang mangkih dados bathang, seda, sedanten punika Gusti ingkang maringi.

Cariyos punika mugi-mugi dados bahan pasinaon kita sedaya, kita tiyang minangka utusan Gusti lajeng mangkih seda, sahengga mboten perlu perang tandhing kalawan napsu angkara. Mangga sedaya sinau sareng-sareng dados tiyang ingkang Gusti tresnani.

Mekaten atur sesorah kula, bilih wau wonten tutur kula ingkang mboten trep, sedaya lepat nyuwun pangapunten. Matur nuwun.

Wassalamualaikum wr.wb

0 komentar:

Poskan Komentar

Hello, thank your for the comment :)